Kamis, 08 Desember 2011

http://www.ziddu.com/download/17747659/MATERIFASILITASIKURIKULUM-BERBICARA.doc.html

Materi fasilitas kurikulum Klik disini

CERKAK


Anak  Haram  Nggugat
(dening Adinda AS.)
SIDANE Arif karo wong tuwane sakarone teka ing omahe Sekar. Gugup lan dheg-dhegan atine Sekar namp-a tamu-tamu mau. Prang-pirang dina sadurunge arif pacare, kanca nunggal kantor pancen wis kandha yen arep teka nglamar Sekar. Aku wegah ngadani adat thethek-bengek macem macem kaya iki, sambate sekar jroning ati. Wengi iku kanthi sawenehing unggah-ungguh  wong tuwane Arif ngajokake lamaran ing sangarepe ibune Sekar sing diampingi eyang Kakung lan eyang Putri.
“Kula sedaya bingah sanget nampi panglamaripun bapak lan ibu Puspo.,” wangsulane eyang Kakung sing pranyata luwih akeh sesorah katimbang ibune Sekar  sing malah akeh menenge lan lan lungguh dheleg-dheleg. “Nanging awit ingkang nglampahi mangke lare-lare, mila wangsul dhateng lare-lare kados pundi pikajengipun. Kita tiyang sepuh mung saged mangestoni.”
Tembung lan cengkok basa apa wae sing dingendikakake eyang, iku wangsulane eyang sing ateges lamaran wis ditampa! Kurang apa maneh. Keluwargane Sekar wis tepung raket karo jaka aran Arif Budiman. Pawakane pideksa ngganteng, merak ati. Solah bawane jatmika ngerti tata-krama. Sekolahe dhuwur, wis cekel gawe sing gumathok,  tedhak turune mantan pejabat uga.
Rong minggu sabanjure setengah jam sadurunge jam kantor rampung, Sekar nampa telepon saka pak Puspo calon mertuwane: “Maaf ya, nak Sekar. Bapak kepengin takon, apa bener bapake nak Sekar sedane nalika nak Sekar isih jrone kandhutan?”
Klik! Gagang telepon diselehake kasar tanpa kajawab nadyan satembung. Patrap sing kurang trapsila marang wong tuwa kaya pak Puspo. Raine Sekar mbrabak abang sedhela banjur dadi pucet. Kringet atis nelesi sarandhune awake.
Sekar ngalamun sedhela. Awake krasa lemes. Gagang telpon diangkat, ngomong karo Arif sing ana ing kamar liya.
“Mas Arif, rampung kantor dak tunggu ing kantin ngarep kantor. Penting!”
“Ana apa, sayang? Aja nggawe jantungku copot, Karie…..” wangsulane Arif ing sabrang kana. Nanging sadurunge Arif rampung anggone omong, telpon keburu ditutup.
Nadyan jam kantor isih 15 menit, Sekar ringkes-ringkes lan bali luwih gasik, tumindak sing ora bakal dilakoni Arif pacare sing kawentar kadidene punggawa sing disiplin, sregep lan pinter.
Sekar lungguh ing pojok njeron kantin iku sing biasane bukak nganti wengi. Segelas  es jeruk sing diladekake ing ngarepe durung kalong satetes-tetesa. Pikirane mbuh nglambrang tekan endi wae. Seprapat jam rasane kaya seprapat abad.  Ing wasana Arif njedhul numpak mobil Cheroke birune.
“Hallo, Karie, cemberut nih yee….” sapa aruhe Arif  nggoda pacare. Yen lagi alem-aleman kaya ngono kuwi Arif luwih seneng ngundang Sekar kanthi sebutan Karie. Dheweke isih kanthi sareh mapan lungguh ing kursi kosong sangarepe Sekar.
“Aku mau nampa telpon bapakmu. Keluarga sugih, kinurmatan kaya kluwargamu pancen ora pantes ngepek mantu wong kaya aku, anak jadah. Kita saiki luwih becik pedhot! Pedhot wae!!”
“Hai, Sekar! Apa-apaan iki? Piye, ta?! Tunggu ndhisik, ngomonga sing cetha kanthi sareh…….”
Arif nyandhet Sekar sing kesusu-susu menyat saka palungguhane. Nanging Sekar    emoh dialang-alangi, tangane Arif dikipatake sing nyoba narik pundhake. Kanthi ngoso Sekar age-age munggah taksi sing kebeneran parkir ing ngarep kantin.
Sapungkure Sekar, Arif lungguh ngungun ing kursine dhewe. Ora kaya padatan prawan sing banget ditresnani iku nduwe patrap kasar kaya ngono. Begja dina iku Sekar menyang kantor ora nggawa mobil dhewe. Cewek siji iki yen lagi  nesu cara nyopire tambah ugal-ugalan!
Arif ora tega, gegancangan nusul Sekar menyang omahe. Ing omah Arif mung ketemu eyang Kakung.  Sekar  durung bali tekan omahe.
“Ana masalah, sajake?” pitakone eyang kakung priyayi sepuh sing wis kebak pengalamane, nalika nyumurupi Arif sing lungguh kanthi goreh ora jenjem ing kursi tamu meh rong jam nunggu Sekar durung teka-teka.
“Mboten kok, yang. Namung salah-paham kemawon.”
Arif  bali kanthi abot atine, nderek dhawuhe eyang. Wurung anggone arep ketemu Sekar sore iku. Prakara luwih gampang dirampungake samangsane ati panas wis padha-padha adem lan meneb, ngendikane eyang.
Meh jam sanga bengi Sekar lagi mlebu ngomah. Eyang babar pisan ora aruh-aruh. Sekar enggal njujug mlebu kamare, mbanting  banter nutup lawang kamare. Ibune ora ana ing ndalem mbok menawa ana gawe ing panti asuhan yatim piatu sing dikelola ibune.
Rong jam luwih Sekar gethem-gethem nahan goreh atine, turon ing kamare isih nganggo seragam dinese. Mula kaya entuk dalan nggo ngesokake uneg-unege ati nalika ibune aruh-aruh mlebu ing kamare Sekar.
“Lagi ora enak awakmu, Sekar? Utawa mbok menawa lagi ana masalah. Mbok menawa ibu bisa mbiyantu?”
“Masalah, masalah!! Ya ibu kuwi sing dadi jalarane, sing gawe gara-gara……”  wangsulane Sekar kanthi tetembungan sing akas lan kasar. Ibune kaget krungu tembunge anak prawane sing ora grapyak mau.
“Kaping pira maneh, bu? Kaping pira maneh Sekar kudu ngalami kedadeyan kaya ngene iki? Apa anak jadah kaya Sekar iki sing kudu nanggung dosa sing wis ditindakake wong tuwane loro-lorone?”
“Sekar!!” panjerite ibune sing katone kesayahen sedina durung kober leren. Ibu nangis kanthi pasuryan sungkawa nyawang anake wadon sing wiwit mau ungkeb-ungkeb.
Ibu ngira-ngira prastawa apa sing tumiba ing anak prawane. Ibu  was sumelang,  prastawa rong taun kepungkur binalenan maneh. Sesambungane Sekar karo Tony tunangane bubrah gara-gara kluwargane Tony murungake panglamare sawise ngerti tetela Sekar lair minangka anak jadah. Apa saiki kluwargane Arif ya nggawe prakara sing padha?    “Apa  pak Puspo ……Keluargane nak Arif……”
“Saiki pedhot. Wis pedhot! Bubar!!” pamunggele Sekar sadurunge ibune ngrampungake pitakone. “Durung ganep telung minggu wong-wong iku nglamar Sekar, saiki wis neka-neka.”
“Apa sing dikandhakake?” raine ibu pucet.
“Ora ana, kejaba pak Puspo nlesih bapak kandungku! Masyarakat ora adil ngukum aku kaya ngene iki. Biyen wong tuwane Tony, saiki bapake Arif. Kaping pira maneh Sekar kudu dadi korban? Kaping pira maneh tresnaku kudu ajur krana pokal gawene ibu?”
“Ibu keduwung, nak…… Ibu pancen wis tumindak dosa. Nanging aku wis mertobat. Ibu keduwung…. Aku nyoba nebus dosa-dosa iku kanthi caraku dhewe………”
“Pamartobate ibu mbok menawa apik kanggone ibu, nanging ora kanggone Sekar. Apa gunane ibu ora kawin selawase urip amarga semono gedhene tresnane karo wong  lanang sing seneng mung ngumbar hawa nafsune……..”
“Sekaaar!! Dheweke bapa kandhungmu, nak, ora sepantese kowe ngundhamana wong sing wis tilar donya. Aku wong loro pancen ngrumangsani tumindak salah……”
Sauntara iku, eyang kakung ngrungokake kanthi cetha ibu-anak sing lagi padudon, kebenaran lawang kamar ora tumutup rapet. Eyang mung gedheg-gedheg sedhih, dijarake setetes luh sing dlewer ing pipine sing keriput…..
Telung dina Sekar mbolos ora mangkat myambut gawe. Sedina-dina mung ungkeb-ungkeb ing peturon jroning kamare tansah kumunci. Telepon sing ngebel ing kamare ora tau diangkat. HP pribadine ya dipateni. Salawase iku Arif wis teka kaping lima, nanging Sekar ora  tau gelem nemoni. Wong saomah banget kuwatir lan prihatin ngadhepi kaanane Sekar sing kaya ngono kuwi.
Bereng wis patang dina eyang rumngsa perlu tumandang. Eyang nothok lawang kamare Sekar.     Dheweke mesthi ngengakake. Kanggo Sekar eyang iku mujudake blegere bapak sing kebak wibawa, wicaksana kebak asih lan kawigaten sing banget disuyuti.         “Eyang kepengin ngendikan, Sekar. Tulung rungokna nganti rampung. Sawise iku  putusan gumantung awakmu dhewe. Kowe wis diwasa. Eyang wis krungu dhewe padudonmu karo ibumu,” ngendikane eyang sabar. Kawibawan lan kawicaksanan sumunar saka pasuryane priya 75 taun nanging isih katon gagah santosa.
Sekar mung ndhungkluk tumungkul, babar pisan ora duwe kekarepan mbantah.
“Apa sing ditindakake ibumu jaman enome pancen kleru. Nanging eyang ya melu salah, kabukten aku ora bisa njaga lan panggulawentah anak prawanku siji-sijine.”
Banjur kababarake maneh lelakon sedhih 24 taun kepungkur sing wis tau dicritakake liwat tutuk sing padha ya tutuke eyang. Kaping pindo iki Sekar krungu mendah njungkir walik lan bingunge gotrah Djati Wibowo, eyange Sekar konglomerat sugih lan tokoh masyarakat sing kajen keringan nalika kedadeyan prastawa iku. Kresno calon mantune tiwas amarga kacilakan dirgantara ing mancanegara seminggu sadurunge akad nikah kalaksanakake. Kamangka undangan cacahe ewon wus sumeber. Apa ya resepsi mantu gedhen-gedhenan iku bakal diwurungake? Banjur   janin jabang bayi 3 wulan sing dikandhut calon panganten putri kepriye?
“Ibumu banget nresnani Kresno bapakmu. Mula nalika kepaten Kresno bakal bojone dheweke histeris meh edan sawetara waktu saking sedhihe,”   ujare eyang sebanjure. “Resepsi mantu wurung. Ibumu nulak tekane bojo bayaran, jarene iku nambahi kaluputan kaping pindho.
Wiwit iku ibumu mandheg kuliah. Kepengin njaga kandhutane kanthi ati-ati. Tekade arep ngemong lan nggulawentah anak sing dilairake kanthi sawutuhe tresna-asihe. Wusanane lair bayi wadon sing sehat lan suci. Ibumu dhewe sing menehi jeneng kowe Sekaringtyas Yuliani.
Ibumu njaluk diragadi ngedegake panti asuhan. Uga modal kanggo mbukak toko emas lan dagang sembako. Nadyan kabeh mau ragade akeh, nanging eyang nyengkuyung kekarepane ibumu, tak anggep iku tekad sing mulya. Donyane eyang isih cukup nggo ngragadi pitung turunan. Mung eyang kabotan nalika ibumu mratelakake ora bakal omah-omah selawase urip. Wis rumangsa bungah nduwe anak kandhung siji lan puluhan anak asuh yatim piatu. Nyatane umure meh setengah abad ibumu tetep dhewekan.  Ora perlu didadekake perkara apa patrap kaya ibumu iku ngutungake, nguntungake kanggo sapa?  Apa kowe ora ngrasakake  gedhene katresnan lan kawigatene ibumu marang kowe anak tunggale iku, putuku?”
“Enggih, yang. Nanging punapa ginanipun kula gesang kados punika, yang?”
“Urip iku kanugrahan Dalem  Gusti, putuku. Mula urip iku tansah migunani. Tambah sedina uripmu tambah sedina kalodhanganmu ngluhurake Asmane Allah.”
“Kula bosen ngadhepi gesang kados punika, yang. Babagan materi kula pramila mubra-mubru. Nanging babagan rohani kula ……..”
“Iku karana kowe lagi ngadhepi bebendhu sing abot. Luwih nyaketa karo Gustimu. Nyuuwuna kuwat lan teteg tabah saka Panjenengane. Gusti Allah iku Maha Asih lan Maha Tresna. Sih Dalem Gusti tanpa wusana.  Urip iki kanugrahaning Pangeran . Mula urip iku sejatine endah lan nyenengake.  Urip kudu dilakoni saapik-apike.  Marga yen ora ing tembe mburi bakal ngadhepi bab sing nggegirisi nyengkerem kowe…….”
“Kenging punapa Sekar ngalami gesang kados punika, yang? Kula kuwatos  mboten kuwawa nglampahi gesang kados punika langkung dangu malih ………
Kenapa aku ora mati wae nalika aku lair saka kandhutane ibu?
Apa sababe aku digendhong lan dipangku sarta disusoni dening ibu…..?”
Semono gedhene panalangsa lan jerone sesambate Sekar. Raine ditlusubake sangsaya jero ing bantal sing lagi dipangku. Eyange trenyuh banget ngadhepi putu tunggal sing banget ditresnani lagi sungkaweng galih iki, banjur ujare maneh:
“Awake dhewe ora perlu pitakon kenapa aku nduwe nasib kaya ngene, kenapa aku kudu ngalami kedadeyan iki? Nanging tansah mujiya syukur ing ngarsane Gusti Allah, awit Panjenengane kang Maha Sae.”
“Kula mboten tahan  panyingkur masyarakat tumprap badan kula punika, ”  Sekar wiwit nangis mingseg-mingseg. Dijarake waspa sing mili mbanjir nelesi pipine.
“Punapa wonten agama ing ndonya punika ingkang saged nampi lahire  bayi kadidene anak haram, yang?”
“Kabeh agama ora ana kang nulak laire bayi nadyan kaya ngapa kaanane bayi mau. Karana kabeh bayi kalairake suci. Sing ditulak agama cara-cara sing salah sing wis katindakake wong tuwane saengga bayi iku lair minangka anak haram. Yen ana sing kandha anak haram nggawa apes urip ing ndonya, iku mung panemu pribadi. Luwih akeh sing ora ndadekake perkara kowe lair mkinamngka bayi apa”
“Ayo kita sawang dina sesuk isih akeh kaendahan lan kabungahan, upamane bacute sambung tresnamu karo nak Arif. Apa sabenere kowe isih nresnani mas Arif calon bojomu iku, Sekar?”    
“Punapa tegesipun katresnan tanpa ajining dhiri, eyang?” pamupuse Sekar.
“Kuwi ora bener, nak. Arif nganti saprene isih nresnani lan ngurmati  awakmu nadyan kaananmu apa wae. Dheweke sejatine wis suwe ngerti badhare tresna lan sesambungamu karo Tony. Ngerti persis sebab apa. Telung dina iki Arif wira-wiri mrana-mrene bingung. Dheweke banget ngeduwungi tumindake bapake sing nelpon kowe dhewe.            Sesuk bengi Arif karo womg tuwane arep mrene.”
“Punapa punika taksih perlu, yang? Mas Arif mbok bilih taksih nampi kula nadyan punapa mawon kawontenan kula. Nanging bapakipun? Tiyang sepuhipun……?”
“Kenapa ora? Pak Puspo jroning rasa paseduluran arep njaluk ngapura marang kluwarga kita. Panjenengane nrumangsani luput, yen butuh katrangan kang gumathok mestine takon karo eyang utawa ibumu. Ora nelpon kowe dhewe. Kosok baline awake dhewe ya kudu nimbang kaanane pak Puspo. Kabeh iki kedadeyan awit pak Puspo penasaran lan risi, ana salah sijine famili adohe pak Puspo sing tansah ngadhul-adhul wewadine kluwargaku, klebu ibumu lan kowe. Jebul sawalike iku wong mau kepengin ngepek Arif minangka mantune. Bareng ngerti pak Puspo malah wis nglamar kowe kanggo Arif, dheweke mbudidaya sesambungnmu karo Arif supaya wurung kanti tumindak sing ora pinuji! Arif nesu banget nalika ngerti dhodhok selehe. Arif usul eyang kersa nggugat familine iku kanthi prakara pencemaran nama baik. Nanging eyang kandha ora perlu!”
Eyang ngendhegake critane. Putu tunggale sing lungguh ing sangarepe disawang. Sungkawa lan gorehing ati ing raine putune katon wiwit surut.   Sekar ora ngira yen Arif  wis ngerti kabeh lelakone lan kluwargane. Dheweke uga kelingan wingenane pak Puspo calon mertuwane mung mundhut pirsa kanthi alus ngenani bapake almarhum. Apa isih perlu aku kudu lara ati, kudu nulak tekane Arif lan bapak ibune?
“Mengko bengi para sepuh arep ngrembug nemtokake dina nikahmu,”  jlentrehe eyang. “Mula cepet cedhakana ibumu. Kowe kudu nyuwun ngapura awit patrapmu sing kasar wingi. Lipuren ibumu supaya ora gejegur ing rasa panalangsa sing luwih jero. Mesakake ibumu, Sekar…..”
……………………………………………………………………………………………..
Sampai disini dulu. Bagaimana akhir drama keluarga ini?
Apakah orang tua Arif akan berkunjung kerumah orang tua Sekar untuk memutuskan hubungan anaknya karena menuduh keluarga Sekar tidak terbuka? Atau Sekar yang merasa trauma kejadian dua tahun lalu terulang lagi sehingga lebih baik ia yang membatalkan lamaran perjodohan supaya ia tidak kehilangan muka? Atau malah ibu Sekar sendiri yang sudah menjalani hidup sendiri sepanjang umur Sekar , tidak nikah seumur hiduppun tidak masalah? Batalkan saja rencana pernikahan Arif dan Sekar? Lalu bagaimana sikap eyang Kakung menghadapi anak dan cucu satu-satunya itu?? Apa saran Anda?
Silakan Anda membuat ending cerita ini sesuai dengan pemahaman Anda dengan menuliskan komentar dijendela komentar dibawah.
Anda bisa membuat komentar dalam bentuk cerita (semacam alinea cerpen sebagai ending cerita). Atau Anda sampaikan komentar dalam bentuk bahasan dengan penyampaian sedikit alasan.
Perlu diingat bahwa  tidak ada komentar yang salah. Karena setiap orang memiliki sikap yang berbeda untuk menghadapi masalah yang sama. Kita sendiripun mungkin akan mengambil sikap yang berbeda dengan yang telah kita komentarkan andaikan kita mengalami sendiri kejadian seperti yang digambarkan dalam cerpen ini.
Dengan banyaknya blogger yang berpartisipasi dengan menyampaikan komentar semua pengunjung juga bisa membaca setidak-tidaknya itu sebagai referensi. Terima kasih atas keterlibatan Anda semua.
DALAM BAHASA INDONESIA
Cerpen: Anak Haram Menggugat
oleh: Adinda AS
AKHIRNYA malam itu jadilah Arif bersama kedua orang tuanya berkunjung ke rumah Sekar. Gugup dan berdebar-debar hati Sekar menerima kehadiran mereka. Beberapa hari sebelumnya Arif pacarnya, teman sekantor, memang pernah mengatakan akan datang  melamar Sekar.
Aku benci acara macam-macam serperti ini, keluh Sekar. Malam itu dengan sebongkah basa-basi orang tua Arif menyampaikan pinangannya di depan ibu Sekar yang didampingi eyang Kakung dan eyang Puteri
“Kami senang sekali menerima lamaran bapak dan ibu Puspo,” jawab eyang Kakung yang ternyata lebih banyak bicara dibanding ibu Sekar yang sering tertegun berdiam diri. “Tetapi karena yang menjalani anak-anak, terserah bagaimana kemauan mereka kita orang tua hanya bisa merestui.”
Gaya bahasa apapun yang dikatakan eyang Kakung, itu jawaban eyang berarti lamaran telah diterima! Kurang apa lagi. Keluarga Sekar telah mengenal betul jejaka yang brnama Arif Budiman. Penanpilannya tampan simpatik, santun tingkah-lakunya, berpendidikan tinggi karirnya bagus, anak mantan pejabat pula.
Dua minggu kemudian setengah jam sebelum kantor usai, Sekar menerima telepon dari pak Puspo calon mertuanya: “Maaf, ya nak Sekar. Bapak mau nanya, apakah benar ayah kandung nak Sekar wafat ketika nak Sekar masih dalam kandungan?”
Klik! Gagang telepon diletakkan kasar tanpa dijawab sepatah katapun. Sikap yang kurang sopan terhadap orang tua seperti pak Puspo. Wajah Sekar nampak memerah kemudian memucat. Keringat dingin membasahi tubuhnya. Nafasnya tersendat-sendat. Sekar termenung sebentar kemudian mengangkat gagang telepon bicara dengan Arif yang berada di ruang lain.
“Mas Arif, usai kantor aku tunggu di kantin depan kantor. Penting!”
“Ada apa, sayang? Jangan bikin jantungku berdebar, Karie,” balas Arif di ujung sana. Namun sebelum Arif selesai bicara telepon keburu ditutup Sekar.  Arif  hanya geleng- geleng kepala sabar.
Sekalipun jam Kantor masih 15 menit, Sekar berkemas-kemas dan pulang lebih awal, satu perbuatan yang Sekar yakin tidak akan dilakukan Arif pacarnya sebagai seorang pegawai yang terkenal disiplin rajin dan pintar.
Sekar duduk di pojok ruangan kantin itu yang biasanya buka sampai malam. Segelas es jeruk yang tersaji di depannya belum berkurang setetespun. Pikirannya entah terbang kemana. Seperempat jam seperti seperempat abad rasanya Sekar menanti Arif yang akhirnya muncul dengan mobil Cheroke birunya.
“Hallo, Karie, cemberut nih yee….” sapa Arif santai. Kalau sedang bermanja-manja Arif lebih senang memanggil Sekar dengan sebutan Karie. Ia masih dengan santai juga duduk di kursi kosong di depan Sekar.
“Tadi aku terima telepon bapakmu, nanyakan soal ayah kandungku. Keluarga kaya terhormat seperti keluargamu memang tidak pantas mengambil menantu anak haram. Kita lebih baik putus! Putus!!”
“Hai, Sekar! Apa-apaan ini? Tunggu dulu, bicaralah dengan tenang.” Arif mencegah Sekar yang buru-buru bangkit dari tempat duduknya. Tetapi Sekar tidak mau dihalangi, dikibaskannya tangan Arif yang mencoba menarik pundaknya. Dengan marah Sekar cepat-cepat berlalu menuju sebuah taksi yang kebetulan parkir di depan kantin.
Sepeninggal Sekar Arif duduk termangu sendiri. Tidak seperti biasanya gadis yang sangat dicintai itu bersikap demikian. Untung hari itu Sekar ke kantor tidak mengendarai mobil sendiri, pikir Arif cemas. Cewek yang satu ini kalau sedang marah cara stir mobilnya tambah ugal-ugalan! Arif tidak tega, segera menyusul Sekar ke rumahnya. Di rumah, Arif hanya bertemu eyang Kakung. Sekar ternyata belum pulang.
“Ada masalah, kelihatannya?”  tanya eyang laki-laki tua yang memang sudah sarat pengalaman hidup itu ketika menyaksikan Arif yang duduk kebingungan di kursi tamu hampir  dua jam menunggu Sekar belum pulang juga.
“Tidak kok, eyang. Hanya kesalah- pahaman saja.”
Arif dengan berat hati pulang gagal menemui Sekar sore itu, mengikuti saran eyang. Masalah bisa lebih mudah diselesaikan besok di mana hati yang panas sudah sama-sama mendingin.
Hampir jam sembilan malam Sekar baru pulang. Eyang sama-sekali tidak menegurnya. Sekar langsung masuk kamarnya membanting pintu dengan keras. Ibunya tidak ada di rumah mungkin ada acara di panti asuhan anak yatim-piatu yang dikelola ibunya.
Dua jam lebih Sekar menahan geram tiduran di kamarnya masih dengan seragam kerjanya. Maka seperti mendapat jalan melepas seluruh ganjalan hatinya ketika ibunya masuk ke kamar Sekar dan menyapanya dengan sikap seorang ibu yang penuh perhatian.
“Tidak enak badan, Sekar? Atau mungkin ada masalah, mungkin mama bisa bantu?”
“Masalah, masalah!! Mamalah penyebabnya……” jawab Sekar ketus kasar dan ibunya terkejut mendengar kata-kata anak gadisnya yang tidak ramah ini. “Berapa kali lagi, ma? Berapa kali lagi Sekar harus alami kejadian seperti ini? Apakah anak haram seperti Sekar ini yang harus menanggung dosa yang telah diperbuat kedua orang-tuanya?”
“Sekar!!” jerit ibunya yang nampak kelelahan seharian tadi belum sempat istirahat. Ibu terisak dengan wajah sedih memandangi Sekar yang sejak tadi berurai air-mata. Mama menduga-duga peristiwa apa yang telah terjadi yang menimpa anak gadisnya. Mama kawatir dan sangat sedih  apabila peristiwa seperti beberapa tahun yang lalu terulang lagi. Hubungan Sekar dan Tony calon suaminya bubar gara-gara keluarga Tony membatalkan pinangannya kepada Sekar setelah tahu Sekar ternyata terlahir sebagai anak haram Sekarang apakah keluarga Arif juga mempermasalahkan hal  yang serupa?
“Apakah pak Puspo ……Keluarga nak Arif……”
“Sekarang putus. Sudah putus !!” potong Sekar sebelum mama menyelesaikan pertanyaannya. “Yah, baru dua minggu mereka melamar Sekar, sekarang sudah macam-macam .”
“Apa kata mereka ?” wajah mama murung sekali.
“ Tidak ada, kecuali pak Puspo memasalahkan ayah kandung Sekar !  Masyarakat tidak adil memperlakukan Sekar seperti ini. Dulu orang tua Tony, sekarang ayah Arif. Berapa kali lagi Sekar harus menjadi korban ? Berapa kali lagi cinta sekar harus hancur karena perbuatan mama ?”
“Mama menyesal, nak……. Mama memang telah berbuat dosa. Tetapi mama telah bertobat dan mencoba menebus dosa-dosa itu dengan cara saya sendiri.”
“Cara pertobatan mama mungkin baik untuk mama tetapi tidak untuk Sekar. Apa gunanya mama tidak menikah seumur hidup karena demikian cintanya kepada seorang laki-laki yang terbukti tidak punya tanggung jawab itu? Laki-laki yang hanya mengumbar hawa nafsunya…….”
“Sekar ! Dia ayah kandungmu, nak. Tidak sepantasnya kamu mengumpat orang yang sudah tiada seperti itu. Kami berdua memang sudah melakukan kesalahan “
Sementara diluar kamar, eyang Kakung mendengar dengan jelas pembicaraan ibu dan anak yang sedang bersitegang, kebetulan pintu kamar tidak tertutup rapat. Eyang hanya mengeleng-gelengkan kepala sedih, dan dibiarkannya sebutir airmata hangat bergulir di wajahnya yang keriput……
Tiga hari Sekar bolos tidak  masuk kerja. Sehari-harian hanya berkubang didalam kamarnya yang selalu terkunci. Telepon yang berdering di kamarnya tidak pernah diangkatnya, HP pribadinya dimatikan pula. Selama itu sudah lima kali Arif datang berkunjung tetapi Sekar tidak pernah mau menerimanya. Orang-orang seisi rumah sangat cemas dan prihatin melihat keadaan Sekar seperti itu.
Hari keempat Eyang memandang perlu untuk angkat bicara. Eyang akhirnya mengetuk kamar Sekar minta bicara. Sekar tentu membukakannya, karena bagi Sekar, eyang adalah figure seorang ayah dan seorang pria yang penuh wibawa, bijaksana dan penuh perhatian yang sangat dihormatinya.
“Eyang mau bicara, Sekar. Tolong dengarkan dengan tenang sampai selesai. Setelah itu terserah kamu. Kamu sudah cukup dewasa untuk dapat memilih yang terbaik untukmu. Eyang telah mendengar semua pembicaraanmu dengan ibumu,” kata eyang sabar, wibawa dan kearifan memancar dari pribadi laki-laki 75 tahun tapi masih kelihatan gagah. Sekar hanya mengangguk-angguk lemah tanpa sedikitpun berniat membantah. “Apa yang diperbuat ibumu pada masa mudanya memang salah. Tetapi eyang juga ikut salah karena terbukti eyang tidak mampu mendidik membimbing dan menjaga anak gadisnya  satu-satunya.”
Lalu meluncur kisah sedih itu dari mulut eyang Kakung yang sebelumnya sudah pernah didengar Sekar dari mulut yang sama pula. Betapa kalang kabut dan bingungnya  keluarga Djati Wibowo, eyang Sekar pengusaha yang kaya-raya tokoh masyarakat yang dihormati, ketika terjadi musibah itu. Kresno calon menantunya tewas dalam kecelakaan lalu-lintas delapan hari sebelum acara pernikahan dilangsungkan. Padahal surat undangan yang besar jumlahnya sudah tersebar semua. Apakah pesta pernikahan yang rencananya diadakan besar-besaran itu harus dibatalkan? Lalu janin 3 bulan yang tumbuh subur di rahim calon pengantin puteri itu bagaimana?
“Ibumu memang sangat mencintai Kresno, ayah kandungmu itu,” tutur eyang selanjutnya. “Menghadapi kematian Kresno calon suaminya itu ibumu histeris hampir gila beberapa lamanya sangking sedihnya. Pesta perkawinan batal. Ibumu menolak mentah-mentah ketika ditawari hadirnya “suami bayaran” untuk menutup aib keluarga. Ibumu menganggap “membeli” suami untuknya berarti melakukan kesalahan kedua. Sejak itu ibumu berhenti kuliah. Menjaga kandungannya dengan hati-hati, bertekad akan mengasuh anak kandungnya dengan sepenuh cinta kasihnya. Akhirnya lahirlah seorang bayi perempuan yang sehat dan tentu saja suci dan ibumu sendiri yang memberi nama kamu Sekaringtyas Yuliani. Ibumu minta dibeayai mendirikan sebuah panti asuhan anak yatim-piatu. Juga modal untuk usaha toko emas dan dagang sembako yang semua membutuhkan dana yang sangat besar. Eyang tentu mendukung karena eyang nilai cita-cita ibumu itu luhur. Harta eyang masih lebih dari cukup untuk menjamin tujuh turunan. Hanya eyang sangat keberatan ketika ibumu menyatakan tidak akan menikah seumur hidup. Dia bilang sudah bahagia punya seorang anak kandung dan sekian banyak anak asuh yatim-piatu. Kenyataannya hampir setengah abad usia ibumu tetap tenang-tenang saja tidak mau menikah. Tidak perlu dipersoalkan apakah sikap ibumu seperti itu menguntungkan atau tidak, menguntungkan bagi siapa? Tidak perlu dimasalahkan. Tidakkah kamu rasakan kasih sayang dan perhatian ibumu yang begitu besar kepada kamu seorang anak tunggalnya, cucuku?”
“Iya, yang. Tapi apa gunanya hidupku seperti ini, eyang?”
“Hidup itu anugerah Tuhan, cucu. Maka hidup itu selalu berguna. Tambah sehari umurmu tambah sehari pula kesempatanmu mengagungkan Nama Allah.”
“Saya bosan menghadapi hidup seperti ini, yang. Secara materi saya memang berkelimpahan. Tetapi secara rohani saya………”
“Itu karena kamu sedang menghadapi masalah berat. Lebih dekatkan diri pada Tuhan. Berdoalah, mohonlah kekuatan dan ketabahan dariNya. Tuhan Maha Pengasih dan Penyayang. Kasih Tuhan tidak akan berkesudahan. Sesungguhnyalah hidup itu karunia Tuhan. Maka hidup itu indah dan menyenangkan. Hidup harus dijalani dengan sebaik-baiknya. Sebab bila tidak di belakang hari akan menimbulkan kengerian yang mencekam….”
“Kenapa sekar mengalami nasib seperti ini, yang? Saya khawatir Sekar tidak mmpu menjalani hidup seperti ini….. Mengapa aku tidak mati ketika aku keluar dari kandungan. Mengapa pangkuan menerimaku, mengapa ada buah dada sehingga aku dapat menyusu….” ungkapan Sekar begitu sedih dan mendalam. Wajahnya dibenamkannya semakin lekat ke  bantal yang sedang dipangkunya.
Hati eyang sangat terenyuh tersentuh ucapan cucu tunggalnya yang sangat dikasihi itu, lalu katanya: “Kita memang tidak perlu bertanya mengapa kita bernasib seperti ini, mengapa kita alami kejadian seperti ini. Tetapi senantiasa bersyukurlah kepada Allah karena kebaikanNya!”
“Saya tidak tahan penolakan masyarakat atas diriku ini.” Sekar mulai menangis terisak-isak, dibiarkannya air matanya membanjir membasahi kedua pipinya yang ranum. “Adakah agama didunia ini yang dapat menerima kehadiran manusia yang terlahir sebagai anak haram, yang?”
“Semua agama di dunia ini tidak ada yang menolak kelahiran seorang bayi bagaimanapun keadaan dan statusnya. Sebab semua bayi itu terlahir suci. Yang ditolak agama ialah cara-cara yang salah yang dilakukan kedua orang tuanya hingga bayi itu itu lahir sebagai anak haram. Kalau ada kelompok masyarakat yang berpendapat bahwa anak haram itu membawa sial dalam kehidupan di dunia, ini adalah pendapat pribadi.  Masih banyak orang yang tidak memasalahkan kamu lahir sebagai bayi apa. Mari kita pandang hari depan yang masih banyak keindahan dan kebahagiaan ini, misalnya kelanjutan kisah cintamu dengan Arif. Kamu sebenarnya masih mencintai mas Arif calon suamimu itu, Sekar?”
“Apakah artinya cinta tanpa harga diri……” desah Sekar.
“Kamu salah, ‘cuk. Arif sangat mencintai dan menghargaimu apapun keadaanmmu. Iapun telah lama sebenarnya tahu kegagalan cintamu dengan Tony, dan tahu persis penyebab kegagalan itu. Tiga hari ini Arif hilir mudik kebingungan. Ia sangat menyesali tidakan ayahnya yang tanpa setahunya telah menelpon Sekar langsung. Nanti malam Arif dan kedua orang-tuanya akan berkunjung ke sini.”
“Apakah itu masih perlu, yang? Mas Arif mungkin bisa menerima  diriku  apapun keadaan saya. Tetapi ayahnya, orang tuanya ……?”
“Mengapa tidak? Pak Puspo secara kekeluargaan akan minta maaf kepada keluarga kita. Beliau menyadari apabila butuh konfirmasi beliau seharusnya tanya eyang atau ibumu, bukan telepon kamu. Namun kitapun harus memahami kondisi pak Puspo. Hal ini terjadi karena pak Puspo merasa risih dan penasaran ketika salah seorang famili jauhnya mengungkap sisi gelap keluarga kita. Gossip itu selalu dihembus-hembuskan malah seperti menteror. Di balik itu ternyata famili jauh pak Puspo itu sebenarnya sudah lama kepengin mengambil Arif sebagai menantu. Maka ketika tahu pak Puspo sudah melamarmu untuk Arif, mereka berusaha menggagalkan dengan cara-cara yang tidak terpuji. Arif sangat marah setelah tahu duduk perkaranya. Ia mengusulkan keluarga kita menuntut secara hukum familinya itu dalam kasus pencemaran nama baik. Tapi eyang mengatakan tidak perlu.” Eyang menghentikan uraiannya. Ditatapnya dalam-dalam wajah cucunya yang tertunduk di depannya. Kesedihan hati yang tercermin pada gurat wajah cucunya nampak mulai memudar.
“Nanti malam orang-orang tua akan berembug menentukan hari pernikahan kalian,” lanjut eyang. “Maka cepatlah dekati ibumu. Kamu minta maaf atas kekasaranmu tadi . Hiburlah ibumu supaya tidak terlelap dalam kedukaan yang semakin dalam. Kasihan mama kamu, Sekar.”


Aksara Jawa

Ha  Na  Ca  Ra  Ka
a  n  c  r  k
Da  Ta  Sa  Wa  La
f  t  s  w  l
Pa  dha  Ja  Ya  Nya
p  d  j  y  v
Ma  Ga  Ba  Tha Nga
m  g  b  q   z