Selasa, 06 Desember 2011

Geguritan

Geguritan yaiku puisi Jawa kang ora duwe pathokan guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
Geguritan kapilah dadi 2 yaiku:
1. Geguritan gagrak lawas
Tengere geguritan gagrak lawas yaiku:
1). Nganggo tembung "sun gegurit"
2). Nganggo purwakanthi swara
2. geguritan gagrak anyar
Dene geguritan gagrak anyar ora nganggo aturan utawa bebas (mardika)
Tuladha:
Swarane Wong Cilik
Sapa ta para korupsi kuwi...
sapa ta para maling kang arane "Tikus Berdasi.."
Jarene Pemimpin Negri..
Tapi apa....?
Watake kaya Buta..
Lakune Dur angkara...
Jarene Ing Ngarsa Sung Tuladha?
Nyatane? apa iya..
Pada mangan suket-suket kang dudu hake...
Ya ALLAH...
Moga-moga padha bisa sadhar
Supaya Indonesia amrih lestari, makmur lan sejahtera...
Amiiinnn...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar